Saderengipun, mbok manawi lepat kula nyuwun sih pangapunten ingkang tanpa umpami. Awit dumugi mriki kula dereng saged ngleksanani punapa ingkang dipun dhawuhaken dening Kanjeng Begawan. Sinaosa sampun makaping-kaping dipun pengetaken, dipun wucal, saha dipun paringi pitedah maneka warni, kula naming ndableg kemawon.

Kados padatan, mbok manawi Kanjeng Begawan sampun nyumurupi punapa ingkang kawula raosaken sapunika, kula naming nyuwun dipun paringi kasempatan malih ingkang radi longgar. Mbok manawi Gusti ingkang Maha Agung taksih peparing yuswa ingkang panjang, kula badhe ngleksanakaken punapa ingkang sampun dipun dhawuhaken dhumateng kula rikala semanten.

Kula sakyektos saged ngrumaosi bilih punapa ingkang kula tindakaken punika sampun nerak paugeran, nalisir saking margi kaleresan. Babagan punika ugi ingkang ndadosaken pusaka Nyai Sekar Pararaton ingkang awujud kaca benggala nalika semanten uwal saking tangan kula, saha sirna tanpa tetilas. Salajengipun, anggen kula saged pinunjul ing apapak nalika rumiyin, naming dados cariyos ing wekdal sapunika, prasasat mboten wonten nyatanipun.

Sanalika kula dados tiyang ingkang ina, saina-inanipun. Kados mboten pantes nggadhahi kuwaos-kuwaos saha punapa kemawon ingkang sampun dados peparingipun Kanjeng Begawan ingkang tansah kula puji. Punapa malih piandel-piandel ingkang saged nyaranani labuh labet kula dhumateng bangsa lan negari punika kadosdene sampun mboten saged dipun ginakaken malih.

Kula sampun mboten gadhah daya kagem uwal saking rasa kebak ing jaja. Kados sela ageng ingkang kula bekta wonten pundi-pundi. Dangu samsaya dangu kula saged ngraosaken bilih ngagesang kados punika kok mboten wonten artosipun.

Sampun makaping-kaping wonten ing salebeting manah punika kula gadhah pepenginan badhe wangsul sowan dhumateng ngarsanipun Kanjeng begawan, nanging kok ugi awrat raosipun. Kados wonten sawijining bobot awrat ingkang nggandhuli anggen kula jumangkah dhumateng Padhepokan Kanjeng Begawan. Nanging raos ajrih, lingsem, rumaos bodho lan sampun mboten pantes malih midak Padhepokan Lembah Manah ingkang suci-luhur punika. Karaos Kanjeng Begawan temtu badhe duka dhumateng kawula. Dene kula sampun wantun nyepelekaken dhumateng dhawuh-dhawuhipun.

Ing pangajab kula naming nyuwun dipun pangapunten sedaya lepat kula punika. Nyuwun dipun wiyaraken margi ingkang kula liwati, mugi Gusti tansah paring pepadhang ing margi kasaenan lan kaleresan dhumateng kula. Manawi pusaka Nyai Sekar Pararaton estu sampum mboten kepareng kula pundhut wangsul, kula ikhlasaken kemawon. Nanging manawi kula saged nyuwun, mugia dipun paringi wekdal badhe nyatheti saha nyinaoni sepindhah malih dhumateng kawruh-kawruh ingkang dipun kandhut dening kaca benggala sekti punika.

0 komentar: