Nalika nunggang Harley, aku nyoba ngindhari menjangan. Aku ora bisa ngontrol playune motorku akhire nyemplung neng selokan gedhe, sirahku kejedhot watu.

Setengah bingung lan nggluyuri aku mbrangkang munggah saka selokan menyang pinggir dalan. Sanalika aku weruh mobil mewah model konvertibel anyar ketok isih mengkilat, metu sawijining wanita sing ayu banget nakoni aku, "Njenengan mboten napa-napa ta?"

Nalika dak sawang, aku weruh dheweke nganggo blus mini, belahan dhadhane ketok empuk, penak nek kanggo ngglethak mati… eh, aku durung pingin mati, dhing!

"Kula mboten nopo-nopo, kadosipun," wangsulanku nalika nyedhaki sisih mobile. Dheweke kandha, "Mang mlebet, mangke Njenengan kula beto mantuk supados kula saged ngupakara babak bundhas, kalian merbani tatu-tatu ten mustaka Njenengan niku."

"Nggih. Matur nuwun. Njenengan sae sanget," jawabku, "Nanging kadosipun bojo kula mboten badhe remen manawi kula purun nglampahi sedaya niku!"

"Oh, mboten nopo-nopo, kula niki juru rawat, kok," dheweke negesake, "Kula ugi kedah mriksa mbok manawi Njenengan gadhah tatu-tatu sanèsipun lajeng paring tombo sak saged kula, amrih saenipun."

Dheweke pancen ayu banget lan jebul basane mlipir, uga pinter ngrayu. Amarga wis tambah gemeter lan lemes, aku mung biso setuju, nanging aku isih mbaleni, "Kula yakin bojo kula mboten badhe remen niki."

Aku lan dheweke tekan ing omahe sing mung wetara telung kilometeran. Sawise ngombe cawisan teh anget lan rampung diperban, aku matur nuwun lan kandha, "Kula sampun lumayan sekeca niki, nanging kula ngertos bojo kula badhe duka sanget, pramila langkung sae kula badhe pamit sakniki mawon.”

"Ampun konyol ngoten to!", Dheweke kandha karo mesem. “Mang pinarak riyin sekedhap. Garwa Njenengan mboten badhe ngertos napa-napa. Lha, piyambakipun sakniki wonten pundi? ”

"Kadosipun taksih kentun ten selokan mrika wau."