Ono sawijining wong lanang duwe pacar telu, nanging bingung arep nikah karo sing endi.

Terus dheweke nyoba ngetes, saben cewek diwenehi dhuwit sepuluh yuto trus pingin ngerti dho arep dinggo opo dhuwit kuwi.

Cewek nomer siji nganggo dhuwite kanggo makeover bodine. Tuku klambi apik, mlebu salon, menikur, pedikur, fitness, trus pas ketemu yange ngomong, "Dhuwite tak nggo tampilanku ben tambah ayu, Mas. Ben kowe seneng, amargo aku sayang banget karo kowe."

Cewek nomer loro tuku Perangkat golf, CD Player, tipi, set stereo, trus diwehke cowoke. Trus ngomong, "Aku tuku kabeh iki nganggo dhuwit sampeyan tak balekne sampeyan, Mas. Amargo aku sayang banget karo sampeyan."

Cewek nomer telu nganggo dhuwit sepuluh yuto mau kanggo investasi neng pasar saham. Bathine nganti lipet-lipet, sing sepuluh yuto dibalekne cowoke, trus sisane dinggo investasi maneh kanggo masa depane.

Dheweke ngomong, "Aku duwe investasi dhuwit kanggo masa depane awake dhewe, Mas. Amargo aku sayang sanget karo sliramu, Mas."

Wong lanang mau bingung, trus mikir rodo suwe. Kabeh pacare duwe cara dhewe-dhewe kanggo nggunakne dhuwite.

Pungkasane, minongko wong lanang lumrahe, dheweke banjur milih nikah karo ceweke sing susune paling gedhe.