Ono sepasang lanang wedok rukun wis podho umur sewidakan lagi arep mapan turu neng dhuwur dhipan. Ing tengah sepi wengi kang bening iku, sing lanang ngentut banter trus omong, "Poinku pitu!"

Sing wedok banjur nyingkur karo omong, "Gek maksude opo, ngono?"

Sing lanang mangsuli, "Ayo dolanan entut-entutan!"

Let sedhela sing wedok genti ngentut trus ngomong, "Wis, skor sama saiki."

Limang menit mlaku, sing lanang ngentut maneh trus omong, "Saiki aku menang 14 lawan 7. Yess!"

Wegah kalah, sing wedok ngelus wetenge karo ngupaya biso ngentut maneh, trus akhire isoh ngentut karo ngomong, "Podho maneh saiki skore!"

Persaingan dadi tambah sengit... Sing lanang wegah kalah, dheweke banjur ngeden sak kuwate. Nanging sing metu dudu entut thok malah ketoke katutan sak ampase. Suarane gemrutuk rada aneh....

Sing wedok krungu banjur takon, "Kuwi suworo opo, Kung?"

Sing lanang semaur, "Suoro wasit nyemprit. Setengah mainan. Tukar posisi!"