Wong Jowo wis kebacut luput. Unèn-unèn kok “sing waras ngalah”? Yèn mangkono iku wong édan bébas kluyuran. Sing kuwasa wong édan, sing duwé dominasi ya wong édan, sing berperan dalam kehidupan iki banjur kakèhan wong édan. Mayoritas édan!

Yèn ora ngédan ora keduman. Sing waras yèn ora gelem ngalah banjur mèlu-mèlu édan. Kang tundhoné dadi kaya jaman saiki iki. Akèh wong waras sing éthok-éthok édan, akeh kepalsuan, tumiba jamané jaman pasca kebenaran. Akèh hoax. Akèh plagiat/plagiator. Akèh pawarta-pawarta palsu kang dianggep bener. Akèh fakta kang jungkir-walik. Pseudosains.

Ing tlatah akademik ana réktor kena ing pecat amarga kasus plagiat. Ing kosok baliné, réktor mau banjur nuntut bales kanthi tuntutan kena ing pitenah. Ing tlatah hukum ana tersangka kang lolos ing tuduhan, kamangka kasusé wis jelas padhang jingglang cetha wéla-wéla. Ing tlatah pulitik samsaya manèh tambah ruwet. Sing nembé anget saiki, nemahi Sèptèmberan isu PKI njedhul ing pacelathon-pacelathon media sosial lan pawartan.

Pratéla pancèn bener apa sing naté dijangka dening Ki Jayabaya. Ramalan iku uniné kira-kira mangkéné:
“… jamané jaman édan,
sing ora édan ora bakal keduman
nanging sabeja-bejané wong édan ,
isih luwih beja wong kang éling lan waspada….”

Lha yèn éling lan waspada rak ateges waras? Yagéné kudu ngalah? Apa téga nyawang kahanan kang dikuasai déning wong édan, gendheng, sinthing, lan sapituruté? Kegilaan merajalela. Yèn ndelok kahanan patang puluh taun kapungkur kang kaya mangkana, wus cetha bédané karo telung puluh taun kapungkur. Banjur rongpuluh taun kapungkur nuli sepuluh taun kang pungkasan iki tambah suwé samsaya rusak kahanané. Sejatiné mbok manawa ora rusak, amung malih rupa. Luwih modhèren, kekinian.