Supir travel tukang misuh ngeteraké wong alim neng perjalanan luar kota. Saben ketemu dalan gronjalan mesthi misuh, yen ra "W*dhus!", mesthi "A*u!"

Pas menggok rada nikung, mobile nyenggol pembatas dalan, si sopir misuh maneh, "D*ncuk!"

Wong alim neng mburine suwe-suwe risi. Dheweke banjur ngandhani, "Mas, tinimbang misuh-misuh terus mbok mendhing omong sing apik. Umpamane: 'Dhuh Gusti, paringono sabar!' Opo 'Dhuh Pangeran, paringono keajaiban!' Kareben lakune mobil iki lancar, tekan nggone kanthi slamet."

Durung suwe anggone ngandhani, ban mobile sebelah kiwa nyemplung bolongan rada gedhe neng dalan. Si sopir ngomong, "Dhuh Gusti, paringono sabar!"

Banjur rada suwe pas mobile ngliwati dalan sempit ing tikungan, ban ngarep kejedhot dhangkel wit garing. Sanalika ban mau ucul ngglindhing mencolot adoh. Mobile monting nyemplung neng jurang... Sopir langsung mbengok, "Dhuh Pangeran, paringono keajaiban!"

Saknalika mobile balik neng dalan maneh, banjur ban sing ucul mau bisa balik kapasang neng panggonane maneh.

Penumpang sing alim mau langsung mbengok, "B*jindhulik! Kok isoh ngono kuwi mau piye?"