“Kedelep…! Kedelep…! Kedelep…!”

“Opo to kuwik?”

“Aku sing ngendhangi, kowe sing nyanyi!”

“Weh … wegah! Aku raisoh nyanyi!”

“Yowis, neknu kowe sing ngendhangi…. Ndang!”

“Kedelep…! Kedelep…! Kedelep…!”

“Wakakakakakak……!”

“Lho, malah ngakak?”

“Lucu!”

“Kendhang kok kedelep-kedelep, apane sing kedelep? Aku kok dadi mbayangke sesuatu sing ora-ora.”

“Yen ngono ganti … icikiwirrr… icikiwirrr…”

“Kaya-kayane penak yen dadi pelawak yo? Uripe mung ngakak thok, bayare akeh!”

“Ah, yo ora mesthi! Urip iku katone wang sinawang. Nyawang leliyan katone enak-kepenak, nanging sing nglakoni yo babak bundhas, wong liya ora ngrasakake. Rumput tetangga nampak lebih hijau dari rumput sendiri. Istri tetangga tampak lebih cantik dari pembantu kita di rumah. Rak yo ngono to, Dul?”

“Halah, omongmu ki lho! Nggedhabrus! Wang-sinawang kok malah nyawangi istri tetangga!”

“Wakakakakakak……!”

“Lha iyo lho, Nox! Yen awake dhewe sing nglawak yen lucu diguyu dhewe. Tur ora ono sing mbayar!”

“Awake dhewe kan dudu pelawak? Iki menikmati hidup menjadi diri sendiri. Ora usah kepincut ing liyan!”

“Iyo, bener! Pancen kojur yen dadi wong ki njur dadi gampang kepincut. Mudah jatuh cinta. Bisa-bisa kelangan karakter. Menjadi diri sendiri itu kok gampang-gampang susah, nanging kadang yo susah-susah gampang. Tergantung, akeh gampange opo susahe.”

“Isih apik yen mung gampang kepincut. Sing ora pantes iku yen mencla-mencle! Esuk dhele sore tempe.”

“Halah, saiki kuwi akeh wong pinter mung dinggo minteri liyane kok. Delengen, wong dho padudon neng media sosial mung ngrembug bab-bab pakuwasan lan pulitik. Yen maca saka jlentrehane katon wasis tur pinter, nanging yen nyawang saka surasane kok kurang pener. Ora ana solusi mung gembar-gembor kareben musuhe ajur. Lha masyarakat ya ana sing gampang terhasut, inal-inil melu-melu mrana-mrene. Melu-melu komentar sing katone frontal marang pihak siji, nanging mbesuke wis balik ngudang pihak sijine. Ora ana konsistensi.”

“Akeh wong sukses, nanging akeh sing ora jujur! Sukses ngapusi!”

“Lowung dadi penonton wae. Ora usah melu-melu komentar. Golek dalan urip padhang wae saiki angel. Salah sithik malah kejlomprong neng kesesatan. Malah bisa-bisa kejerat hukum!”

“Lha wong salah sithik wae dititeni. Yen konangan bosmu melu-melu rak kowe mengko ra sida diwehi komisi!”

“Yen ngene iki endi sing jenenge Persatuan Indonesia?”

“Yen ditamat-tamatke kaya pemain dhagelan kabeh kok.”

“Uwis ah, ngobrole. Ayo nyanyi maneh!”

“Yuk? Sapa sing nyanyi?”

“Kowe no. Aku sing ‘kedelep-kedelep’ hehe…”

“Oke… mulai…!”

🎶 … ♬. … “Kedelep…! Kedelep…! Kedelep…!”
♬ … ♫ … ♪ … Othok-othok, unine tekek….♪
♬ … ♫ … ♪ … Bengak bengok, swarane entek ….♬
♬ … ♫ … ♪ … Mlayu-mlayu, kepleset telek…♫
♬ … ♫ … ♪ … Mlumpat kalen, kathoke suwek….🎶

“Hahahaha…..”

0 komentar: