Sepining ratri nuwuhake kangening ati. Udan kan sing nembe riwis-riwis nambahi miris. Sajroning ati kang tansah ngreronce tembung-tembung katresnan, sanajan datan nate bisa kawetu. Wus pirang-pirang sasi nggonku luru tamba kanggo sepining ati, nanging amung bisa nyawangi lintang-lintang sing sorote katon abra ing antarane mendhung-mendhung kang mentiyung.

Kok ndilalah, kidung-kidung katresnan iku uga tansah nambahi kandeling rasa iki. Kala-kala katut ing rengenging kidung mau, sanadyan durung bisa mareni ati sing kekuncen ing kangen. Sanityasa kasiksa dening rasa sujana lan cubriya, embuh geneya.

Prasasat ngronce kembang melathi, nggonku tansah ngreronce ratri kang kebak rasa iki. Ing mangka saben dina wus tansah ngreronce seseratan lumantar angin kang midid sumilir. Ronce rinonce, dadiya reroncen wangi wernaning ati.

Mangsa bodhoa aku ora preduli manawa ing tembe dadi kaya ngapa. Aku mung ngerti rasaning tyas iki tansah sumedhot adheming hawa udan riwis ing wanci bengi.

0 komentar: