Sanajan aku durung nate ngurupake lilin kanggo mengeti taun-taun kapungkur ing dina kelairanmu,....
Sanajan aku uga durung nate tuku roti taart kanggo ngramekake pengetan dina bahagya ulang taunmu, ....
Sanajan uga aku ora nate weweh kembang mawar abang pratandha rasa sayangku mring sliramu, ...
Nanging sliramu ngerti, manawa katresnan iku cukup lair saka ati lan kawetu ing wujud watak lan tumindak. Apa pedahe geni lilin, roti ulang taun lan kembang mawar, sanajan kabeh mau pancen simbuling katresnan, nanging yen datan dibarengi tumindak kang mujudake rasa tresna, malah kepara kosok baline.

Tumraping aku, kawit biyen, pengetan ulang taun iku ora pati wigati. Malah amung gawe runtiking ati jalaran umur satemene ora tambah, malah kepara suda. Mesthine malah sedhih, nanging yagene kudu diramekake? Manawa kang dadi bobot wigatine kanggo bisa ngandelake rasa sukur, ya sumangga wae.

Mula aku arang kadang ngeling-eling dina ulang taun, sanajan iku dinaku dhewe. Jaman saiki pepeling ulang taun kanthi gamblang lan otomatis wus kecathet ing kalender hape. Sing ulang taun sesuk iku sapa bae, bakal metu jenenge ing layar hape dina iki pas tabuh jam rolas awan. Kalender hape jaman saiki wis bisa sinkronisasi marang akun Fesbuk, dene Fesbuk mau kang darbe cathetan bab dina2 laire para kadang.

Sejene ngono, ing Fesbuk dhewe uga sinebut kadang sapa bae kang ulang taun saben dinane. Dadi gampang nuwuhake rasa kepengin gawe ucapan selamat. Sayange sliramu nate ora sarujuk manawa aku seneng weweh ucapan ultah kadang ing Fesbuk, kamangka ing ulang taunmu dhewe aku ora nate weweh apa-apa.

Mula ing kesempatan dina iki aku kepengin nulis. Tulisanku iki minangka hadiah kanggo ulang taunmu dina iki. Mung dedonga kang bisa dak aturake. Mugiya Gusti Allah tansah paring berkah marang sisaning uripmu. Muga-muga kasembadan apa kang dadi sedyamu. Tansah bagas waras lan bagya salawase.

-Saka sisihanmu kang tansah kebak rasa tresna.

0 komentar: