Embuh geneya pirang-pirang dina iki kelingan terus marang bab-bab kang mambu Filsafat. Kamangka nalikane duwe blog iki kawitan ora kepengin nulis babagan Filsafat. Malah, biyen pas isih kuliah, ana mata kuliah pilihan Filsafat Kedokteran lan Seksologi, aku ora milih Filsafat nanging milih Seksologi. Banjur saiki sajake aku babar pisan ora tau nulis babagan seks ing blogku iki, malah ngumbar kabar liyane sing sakelingane. Angger-angger kerep kelingan nalikane nemu pengalaman kang ndarbeni piwulang kang becik, nanging lagi saiki bisa nulisake. Muga wae bisa dadi pitutur kang becik.


Neng tlatah sangkan paranku saiki aku wis suwe ora keprungu suarane dhalang kang lagi ngudhal piwulang lumantar radhio utawa tivi. Kamangka nalika isih ndherek bapak, prasasat saben wengi sing disetel mung gremenge radhio sing lagi nyiarake wayang kulit.

Isih kelingan banget nalika samana aku pas nglilir ing wanci bengi, bapak lagi rawuh saka rondha. Kaya padatan bapak langsung nyetel radhio kesayangane iku terus milih saluran sing lagi nyiarake wayang kulit. Biasane wayang ing radhio iku mau bakal ngumandang sawengi muput.

Pas nglilir keprungu lagi ana jejagongane para panakawan. Biasane pas tiba adegan iku akeh lelucon sing marai ngguyu dhewe. Isa-isane aku ngguyu ing satengahe wengi pas nglilir, sawise krungu apa sing dadi guneme para panakawan mau. Hehe...

Sejene lelucon, uga ana bab-bab sing migunani. Malah ora sethithik sing bisa dadi sanguku ing sangkan paran kaya mangkene iki. Ing antarane, aku kelingan bab pacul.

Pacul, senjatane para-para kadang tani lan para kawula cilik ing tanah Njawa.  Dadi tani, sing nalika samana dadi panggawene para sedulur ing padesan pancen nuduhake yen lemah ing Jawa isih akeh sing awujud desa, beda karo jaman saiki akeh sawah lan kebon kang wus dadi omah, pabrik, toko, lan samubarange. Dadi isih barang lumrah yen pacul wektu iku isih dadi barang kang wigati ing kalangane para tani.

Pacul mono ndarbeni patang perangan, mula sinebut pacul, kang ateges: barang papat aja nganti ucul. Patang perangan sing dimaksud yaiku: dhoran, bawak, langkir, lan tandhing. Dhoran iku kayu sing dadi gagange pacul. Bawak iku perangan pacul sing awujud wesi mlungker bolong kanggo nuncepe bonggol dhoran. Langkir iku lempengan wesi wiwit saka bawak nganti bagian ngarep sing landhep. Dene tandhing iku kayu pasak, itawa ganjel kanggo nahan supaya dhoran lan bawak ora bakal ucul.

Tembung dhoran iku saka kerata basane ateges "aja maido mring pengeran". Kanthi wujude kayu gagang pacul kang nduding mendhuwur. Ngelingake marang manungsa kabeh kudu eling marang Sapa Sing Wis Gawe Urip.

Bawak iku uga ndarbeni kerata basa, ateges "tibaning awak". Kenal karo awake dhewe lan bisa ngukur utawa mulat sarira. Kang baku, ngerti kudu kepriye becike dadi manungsa. Dadi manungsa kudu duwe prinsip, duwe pendhirian. Ing kene ngemu akeh pitutur, luwih-luwih kanggone para manungsa minangka makhluk sosial.

Dene langkir ateges "landheping pikir". Dadi wong kudu pinter, kudu sregep sinau marang urip. Continuous learning! Yen agama Islam malah dhawuh marang umate supaya golek ilmu nganti ing negri Cina. Ora patut dadi manungsa yen ora gelem nimba ngelmu. Ngelmu iku kalakone kanthi laku. Pengalaman uga prelu.

Kang pungkasan yaiku tandhing, ateges "nata gendhing". Sing ditata ora njur mligi gendhing ing tetembangan. Luwih saka iku gendhing kang ditegesake ing urip lan panguripan. Dadi wong iku ya kudu darbe daya cipta, kreatif!


Kabeh mau darbe pitutur manawa pacul iku senjatane wong tani, dene patang perkara kang ora kena ucul iku uga kanggo senjatane wong makarya ing ngaurip. Werdine, kabeh manungsa kudu gelem nyambut gawe utawa makarya manut penggaweyane dhewe-dhewe. Makarya ora mung kanggo nyukupi butuh, nanging uga kanggo ngibadah. Sinebut ngibadah manawa penggaweyan iku kajaba bisa nyukupi kebutuhane dhewe uga bisa migunani marang wong liya. Manawa makarya mung gawe rugining liyan, iku ora bisa sinebut ngibadah.

Manawa dionceki lan dironce, mbok manawa ora bakal cukup mung sedina-rong dina. Uga malah bisa dadi buku, apamaneh yen mung dironce ing kaca iki ora bakal sedheng.

0 komentar: