Nur, biyen aku tau sambat manawa donya iki tambah ruwet. Jebul saiki ruwete wis ora kena dibayangake maneh. Donya sing ruwet biyen kae bakale tambah ruwet. Lan reruwete iku ora bakal bisa wudhar, lan saiki wis dadi maharuwet tenan. Wis mbuh, Nur!

Yo bener, ora kabeh reruwet kudu dipikirne dhewe. Ora samubarang kudu dilebokne ati, dilebokne pikiran, apamaneh kanggo sangu turu dadi kegawa ngimpi. Mulane, Nur, Aku saiki ora gelem mikir sing ruwet-ruwet. Aku pingine mikir sing simpel-simpel wae. Ibarate tulisan ya mung dak waca irah-irahan utawa judhule wae. Sanajan irah-irahan uga kerep marai keblusuk-blusuk, nanging sak ora-orane aku isih duwe prinsip lan rasa. Mula bisa ngerti endi sing bener lan sing luput, sing apik lan sing elek.

Pancen ora gampang nepakake laku ono panggon lan wektu kanti tumindak sing trep. Nanging minongko ikhtiar kang tansah sabar dilakoni, kabeh dalan sing ruwet lan angel diliwati sabanjure tetep bisa dilakoni kanthi slamet. Manawa ora sarujuk, sajak ora cocog, bisa tabayyun utawa konfirmasi marang pihak-pihak sing bisa dipercaya.

Nur, ngertiya. Pas aku gawe tulisan iki, taun anyar lagi wae nglengserake taun lawas. Dene saiki taune wis tumiba ing taun 2022. Rasane taun 2021 kayadene mung ngleyang ngono wae. Sanajan wis akeh babagan sing dirancang, dilakoni, banjur dijibahi lan uga dievaluasi, nanging kaya dene ora krasa telungatus sewidak lima dina kok wis kelakon.

Nur, lumakune wektu kok ya wis adoh temen? Aku wis rumangsa tuwa, Nur. Deloken, jaman saiki wis akeh media sosial pating brubul metu anyar lan kawentar. Saiki jamane TikTok, YouTube, Instagram, lan WhatsApp. Dene Facebook lan Twitter isih rada rame, sanajan wis rada peteng kaya surup ing wayah sore. Yahoo wis mati, sanajan layanan layang elektronik utawa e-mail isih ana.

Blogger iki piye nasibe, Nur? Apa ya bakalan mati kaya Yahoo? Biyen Yahoo nate duwe blog jenenge Mim, mung sedhela aku melu nyoba, nanging banjur klipuk, wis ora diterusake layanane. Blogdetik lan Multiply iku layanan blog lokal sing uga wis mati kawit biyen-biyen banget. Aku mung ngarep-arep supaya blog kaya sing dak tulis iki isih bisa eksis sanajan ora kawentar maneh. Kene iki panggonan kanggo aku nuduhake manawa aku isih setya lan tuhu ngeblog saka taun rongewu pitu, sanajan oklak-aklik ora tau nulis akeh. Anane mung ngudarasa kanthi basa-basa sing ora kabeh uwong mudheng apa karepku.

Yowis, Nur. Sanajan wis adoh lumakune wektu, ana wae gegadhangan sing durung kelakon. Sing jenenge wong urip kuwi ya mesthi duwe laku-laku sing cekak, uga ana sing jangkane dawa. Mligi marang gegadhangan gedhe, mbok manawa ora mung butuh wektu setaun-rong taun kanggo bisa kaijabah. Mataun-taun disregepi, dilakoni lan disyukuri, kanthi pangarep bakal enggal-enggal kawujud minangka cita-cita gedhe sing wis suwe digadhang-gadhang.

Ya ngono kuwi, Nur. Sanajan pepinginan bab kadonyan wis ora akeh, nanging tetep ana. Sing ana kari pepinginan sing gedhe-gedhe. Sing cilik-cilik mbok manawa wis tau keturutan kabeh. Wis marem.

Semene dhisik ya, Nur, Menur. Kapan-kapan dak ngudarasa maneh. Sing gedhe ngapuramu amarga kerep dak tinggal lunga. Kowe sing tunggu omah.

__________
*Menur iku jenenge kucingku sing anyar. Wernane putih resik, nalika dadi duwekku isih cilik, rupane ayu kaya kembang menur, mekruk, wangi yen bar didusi.

0 komentar: