"Lha mbok nggih sampun. Wonten dhusun saged gesang sawontenipun." mekaten ngendikanipun pak Lik nalika kepanggih wonten ing griyanipun.

"Mboten saged, Pak Lik! Sapunika jamanipun sampun kalangkung majeng. Manawi taksih gesang sawontenipun wonten ing dhusun, ketinggalan jaman! Kuper, Pak Lik! Kados Pak Lik punika, ngertosipun naming kebon kaliyan sabin. Kamangka negara manca sampun tindak nyabrang Galaksi Bimasakti!"

“Ngendi kuwi sing diarani Galaksi Bimasakti”

“Lha rak tenan to? Dereng sumerep? Pak Lik mboten badhe saged mangertosi, awit kawruhipun pak Lik taksih jero tapak meri.”

“Eh, lha! Kurang ajar! Bocah saiki kok kumalungkung ora karuan!”

“Nyuwun pangapunten, Pak Lik! Monggo kula aturi ngilo. Kawruh punapa ingkang sampun Pak Lik kempalaken wonten ing salebeting ngangesang punika?”

Pak Lik naming mendel kemawon.

“Ing mangka kula lan panjenengan sami punika dipun wajibaken luru ngelmu, ngangsu kawruh wiwit saking gendhongan ngantos ing palereman kang pungkasan. Ing mangke badhe dipun dangu, kawruh punapa ingkang sampun panjenengan amalaken wonten ing salebeting ngagesang. Kados pundi anggen panjenengan badhe mangsuli, manawi kawruh kemawon mboten gadhah, punapa malih amalan?”

[... durung ana candhake]

0 komentar: