Sawijining joko pingin kawin karo sawijining prawan. Dene dheweke lan calone wis podho cocoke, wong tuwane uga wis podho setuju, kari nemtokne tanggal wae.
Nganti tekan kono si Joko isih kuwatir yen sejatine prawan sing arep dinikah iku jebule wis ora prawan maneh. Nanging dheweke ora ngerti piye carane ngerteni bab iku. Yen langsung takon, mesthi njur marai tersinggung lan malah dadi mbubrahake rencana nikahe.
Mula kanggo ngilangi ganjelan neng atine iku, dheweke moro neng kancane senior sing kebetulan nyambut gawe konsultan bangunan.
"Piye iki, Mas? Nganti saiki aku durung ngerti yen calon bojoku iki isih prawan tenan opo wis ora prawan maneh. Carane ngerti piye yo Mas?" Si Joko takon.
"Ngene wae, kowe sadurunge malam pertama tukuo cet kayu, werno biru karo werno abang, terus karo tukuo sekop siji wae," mengkono kandhane mas konsultan.
"Lha trus tak nggo opo wae barang-barang iku mengko, Mas?" takone si Joko kebak rasa penasaran.
"Lha, kuwi suk pas persiapan malam pertama, sadurunge tandhing kuwi glindhingan baksomu sing kiwo ceten biru, sing tengen dicet abang," mangkono panjelasane mas Kontraktor.
"Lha trus?" takone si Joko tambah penasaran.
Seniore njelaske maneh, "Lha, pas tandhing dudohno bojomu. Njajal komentare opo. Yen komentar 'Weh, glindhinganmu kok antik, Mas? Bedo karo liya-liyane!' Langsung kepruken sirahe nganggo sekop!"
Supir travel tukang misuh ngeteraké wong alim neng perjalanan luar kota. Saben ketemu dalan gronjalan mesthi misuh, yen ra "W*dhus!", mesthi "A*u!"
Pas menggok rada nikung, mobile nyenggol pembatas dalan, si sopir misuh maneh, "D*ncuk!"
Wong alim neng mburine suwe-suwe risi. Dheweke banjur ngandhani, "Mas, tinimbang misuh-misuh terus mbok mendhing omong sing apik. Umpamane: 'Dhuh Gusti, paringono sabar!' Opo 'Dhuh Pangeran, paringono keajaiban!' Kareben lakune mobil iki lancar, tekan nggone kanthi slamet."
Durung suwe anggone ngandhani, ban mobile sebelah kiwa nyemplung bolongan rada gedhe neng dalan. Si sopir ngomong, "Dhuh Gusti, paringono sabar!"
Banjur rada suwe pas mobile ngliwati dalan sempit ing tikungan, ban ngarep kejedhot dhangkel wit garing. Sanalika ban mau ucul ngglindhing mencolot adoh. Mobile monting nyemplung neng jurang... Sopir langsung mbengok, "Dhuh Pangeran, paringono keajaiban!"
Saknalika mobile balik neng dalan maneh, banjur ban sing ucul mau bisa balik kapasang neng panggonane maneh.
Penumpang sing alim mau langsung mbengok, "B*jindhulik! Kok isoh ngono kuwi mau piye?"

Ono sawijining wong lanang duwe pacar telu, nanging bingung arep nikah karo sing endi.
Terus dheweke nyoba ngetes, saben cewek diwenehi dhuwit sepuluh yuto trus pingin ngerti dho arep dinggo opo dhuwit kuwi.
Cewek nomer siji nganggo dhuwite kanggo makeover bodine. Tuku klambi apik, mlebu salon, menikur, pedikur, fitness, trus pas ketemu yange ngomong, "Dhuwite tak nggo tampilanku ben tambah ayu, Mas. Ben kowe seneng, amargo aku sayang banget karo kowe."
Cewek nomer loro tuku Perangkat golf, CD Player, tipi, set stereo, trus diwehke cowoke. Trus ngomong, "Aku tuku kabeh iki nganggo dhuwit sampeyan tak balekne sampeyan, Mas. Amargo aku sayang banget karo sampeyan."
Cewek nomer telu nganggo dhuwit sepuluh yuto mau kanggo investasi neng pasar saham. Bathine nganti lipet-lipet, sing sepuluh yuto dibalekne cowoke, trus sisane dinggo investasi maneh kanggo masa depane.
Dheweke ngomong, "Aku duwe investasi dhuwit kanggo masa depane awake dhewe, Mas. Amargo aku sayang sanget karo sliramu, Mas."
Wong lanang mau bingung, trus mikir rodo suwe. Kabeh pacare duwe cara dhewe-dhewe kanggo nggunakne dhuwite.
Pungkasane, minongko wong lanang lumrahe, dheweke banjur milih nikah karo ceweke sing susune paling gedhe.

Yagene internet kok mesthi lemot
Kamangka pajeke ora tau pedhot
Ora ngerti yen kangen iki samsaya abot
Tak ampet neng ati nganti wis ora amot
Ndilalah aturan mudhik yo tambah kolot
Dalan dicegati, wis ora bisa ngepot
Kajaba ana sing wani mberot
Padudon karo para aparat nganti alot
Dhuh piye iki internet kok isih lemot
Diajak mlayu kok malah ngesot
Rasane seret kaya mangan gathot
Ayo ta, Pak... gek ndang digenjot
Opo ndadak dijugil dhisik nganggo pangot?
Kangenku iki lho, tambah sumedhot
Suwe-suwe sirahku melu cekot-cekot
Dadi tambah panas atiku kaya keslomot
____________________
*guritan wengi,
nalika Internet lemot
masih terkait dengan keanggunan dunia
keanggunan yang biasa saja
tapi di mataku terlihat sempurna
masih selalu terpesona gerlap dunia
yang entah cahyanya datang dari mana
begitu kelam tapi sungguh menyilaukan mata
masih berbahagia dengan membakar diri
dalam kubangan api yang selalu terasa hangat
dalam dekapan malam yang melupakan arah pulang
masih terpedaya oleh kekalnya kesementaraan
yang terus merenggut hati dengan rindu
dan menjerat hasrat dengan nikmat
tak lagi berharga pengetahuan dan pemahaman
hanyalah pembenaran yang terus dipakai alasan
sampai lupa diri kapan harus kembali
tentang kesempurnaan yang sejatinya tiada
tentang peluang yang tidak kunjung tiba
tentang kegersangan yang membawa ke persimpangan
seperti bintang yang terbentang jarak
berkilau sendiri dan berinteraksi dalam konstelasi
saat tak ada yang peduli
entah sampai kapan ...
Langganan:
Postingan (Atom)