Ngapuranen aku, ya, Nimas?
Amarga mangajab ing pepisahan iki
Mungguh aku mangerteni rasa tresna ing atimu
Nanging kabeh wis mokal bisane kelakon

Nimas, lali-lalinen aku saka sajroning atimu
Lalenana uga reronce critaning katresnan kang wingi
Aku ora ngira uga kabeh bakal kaya mangkene
Nimas, coba mangertenana wae

Ngapuranen aku sepisan maneh,
Nadyan sliramu isih ing atiku
Nadyan tresnamu isih rumaket
Sing gedhe ngapuramu, Nimas!

Aku ngerti laraning atimu
Nanging percayaa marang aku, Nimas!
Sliramu bakal ketemu katresnan
kang luwih becik tinimbang aku

0 komentar: