Dumadakan udan kayadene disokake ing wayah sore kang rada sumelet
Ngredhemake hawa panas sing sedina ngebaki dhamparing bumi
Dumadakan uga ati iki ketaman sawijining rasa kang ora bisa dak arani ing tembung

Dak waca maneh inboxmu sing wingi
Sawise rada enggar ing pikir lan lodhang ing ati iki
Surasane kang dak rasakake samsaya mundhak gedhe
Kairing swarane udan ing payon kang keprungu samsaya deres
Kaya-kaya ngesok ing jero ngomah, ngelepi jogan, nganti megungi ati kang nggelondhang
Sumemendhe tembok ing kamar iki, aku muter tembang lawas
Kidung tresna kang ndadekake mongkog, ngandelake rasa mau

O, yagene aku bisa nganti siniksa rasa kang kaya mangkene
Kabeh mung jalaran kawitan saka dlancang seta duk nalika semana
Dlancang seta kang winungkus dlancang wilis, ngemu surasa-surasa tresna kang tinulis mawa mangsi biru
Surasa-surasa mau saiki wus ginanti ing wewujud elektronik, saengga bisa bablas mili tumekeng ati, tanpa lumantaran srana-srana


Dene sliramu rak wis ngerti isine ati iki?
Yagene isih tansah wedi yen aku bakal ninggalake sliramu?
Apa ora cukup anggonku nuduhake sepira gedhene tresna iki?
Yen mangkono, apa sing kudu dak lakoni amrih dadi leganing atimu?

0 komentar: