Ndhuk,
cah ayu, anakku
sing banget dak tresnani
ing wengi iki aku kepengin ngudarasa
sakehing rasa kapang kang gumandhul ing ati
dene rina lan wengi aku tansah gawang-gawangen sliramu
ewadene nganti saiki bapakmu durung bisa
cedhak rinaket marang sliramu, cah ayu
ananging bapak ora nate kendhat
anggone tansah menggalih
samubarang kang
wigati
tumraping sliramu
lan tumraping tembe burimu
mugiya ing dina iki lan mbesuk sliramu
tansah pinaringan rakhmat lan barokahing
Gusti kang Maha Agung sarta pinaringan sehat, slamet
karahayon lan raharja, lir ing sambekala
aamiin ya rabbal ‘aalamiin, ya ndhuk?
wis, cukup samene dhisik wae
pokoke bapak ora nate
kendhat anggone
ndedonga

0 komentar: