Tetembungan iki wus suwe anggonku krungu. Nanging lagi wingi kelingan maneh. iku wae butuh wektu watara semenit-rong menit kanggo ngeling-eling. Jago Temloncong iku kanggo ngarani joko kang wus akil baligh. Bocah nom-noman kang wus ngancik dewasa, sanajan isih bocah nanging wis gedhe utawa remaja. Manawa diupamakane kaya pitik jago sing wus bisa kluruk, wiwit thukul jalune lan warna wulune wis malih dadi jago. Samono uga pawakane wis samsaya dhuwur angklung-angklung.

Dene Dhere Semlamber, iku arane prawan sing uga wis ngancik dewasa. Diumpamakake pitik babon sing wis bisa ngendhog.

0 komentar: